HIP HOP

ANTI ACNE - PAIJO

Paijo paijo gaweane suloyo,
Paijo paijo ra nduwe totokromo
Paijo paijo mangane godong telo,
Paijo paijo raine koyo butooo...

Ono bocah ireng lethek nggegirisi,
kabeh uwong seng ngematke podo mlayu bali
Marai bocah kuwi mlaku ora nganggo klambi,
teler ngombe ciu surungane roti
Senengane mbendinane yo mung koyo ngono,
ora mikir anak e seng cacahe wis loro

Onone mung seneng-seneng ngasi awak loyo,
le bare pijetan merem melek ko petho
Paijo jenengane gede duwur awak e,
karepe wong tuwane iso nggenah tur nyenengake
Tapi nyatane kok malah kewalik ane,
Paijo dadi ndugal anane nyente-nyente

Woeee...
Wis jan nek di pikir malah mesak ke,
wong tuwane karo bojone nangis batine
Sak bendino ngandani ora ono epek ke,
Paijo malah dugem ra gelem miker ke...

Paijo paijo gaweane suloyo,
Paijo paijo ra nduwe toto kromo
Paijo paijo mangane godong telo,
Paijo paijo raine koyo butoo0...

Soko cilek Paijo wis kethok banggel,
gaweane nongkrong nek dikandani angel. nek dolan senengane nek nggone tukang togel,
golek wangsit nek kuburane Mbah Dogel

Oalah leee.. kowe kok tambah lek nggilani,
hobine nyang tangan nyileh kamar nggo vcd
Wis tau konangan malah gage lungo mburi,
jebule Paijo ngentek ke sabun mandiii...

Bang bang tut jendelo wowo,
sopo wani ngentot di tembak rojo tuwo
Tuwo tuwo kaji rambute karek siji,
sopo seng ngapusi endok ke ilang siji

Mulakno kowe kabeh nurut nek di kandani,
eling karo Gusti men slamet nek ndunyo iki
Ati ati keno Adzab mati wetenge gedi,
mergo kakean mangan barang ra mbejaji

Woeee...
Yen isih nglakoni cepet ndang mari,
tobat karo Gusti dosane di kelongi
Ora usah mikir ndunyo seng mung mamper ngombe
Ojo wedi kere seng penting sugeh atine
Wis sak iki tumindak o seng becik
Ojo koyo Paijo senenge maling pithek
Becik ketithek olo ketoro
Ayo kabeh-kabeh do podo eling dosaaa...

Paijo paijo gaweane suloyo,
Paijo paijo ra nduwe toto kromo
Paijo paijo mangane godong telo,
Paijo paijo raine koyo butoo0.....










 
ROTRA - NGELMU PRING
pring reketeg gunung gamping ambrol,
ati kudu teteg ja nganti urip ketakol….
pring reketeg gunung gamping ambrol,
uripa sing jejeg nek ra eling jebol….

pring deling, tegese kendel lan eling…
kendel marga eling, timbang nggrundel nganti suwing
pring kuwi suket, dhuwur tur jejeg…
rejeki seret, rasah dha buneg
pring ori, urip iku mati….
kabeh sing urip mesti bakale mati
pring apus, urip iku lampus…..
dadi wong urip aja seneng apus-apus
pring petung, urip iku suwung….
sanajan suwung nanging aja padha bingung
pring wuluh, urip iku tuwuh…
aja mung embuh, ethok-ethok ora weruh
pring cendani, urip iku wani…
wani ngadepi, aja mlayu marga wedi
pring kuning, urip iku eling….
wajib padha eling, eling marang Sing Peparing

pring iku mung suket,
ning omah asale seka pring,
usuk seka pring,
cagak seka pring,
gedhek iku pring,
lincak uga pring,
kepang cetha pring,
tampare ya mung pring….
kalo, tampah, serok, asale seka pring….
pikulan, tepas, tenggok, digawe nganggo pring….
mangan enak, mancing iwak, walesane ya pring…
jangan bung, aku gandrung, jebule bakal pring…

nek ngono pancen penting, kabeh sing nang nggon wit pring
pancen penting tumraping manungsa sing dha eling
eling awake, eling pepadhane, eling patine, lan eling Gustine…
wong urip kudu eling, iso urip seka pring
tekan titi wancine ya digotong nganggo pring
bali nang ngisor lemah, padha ngisor oyot pring
mulane padha eling, elinga Sing Peparing….

ora bakal bubrah marga iso melur…
kena dinggo mikul, ning aja ketungkul
urip kuwi abot, ja digawe abot…
akeh repot, sak trek ora amot
mulane uripmu aja dha kaku….
melura, pasraha, ra sah dha nesu
aja mangu-mangu ning terus mlaku…
sanajan ro ngguyu aja lali wektu
kowe bakal bisa urip rekasa….
ning kudu percaya uga sregep ndonga
Gusti paringana, luwih pangapura…
marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa
aja nggresula, aja wedi
dudu kowe, ning Gusti sing mesti luwih ngerti….
ngatur urip lan mati,
nyukupi rejeki,
paring tentreming ati,
cukup sandang pangan papan,
bakal mukti pakarti….


Jogja Hip Hop - Kulonuwun.mp3
ROTRA feat KILL THE DJ - KULONUWUN

nderek langkung nuwun sewu njaluk donga lan restu
ji ro lu aq tak nyoba melu mlebu
nak ora entuk mengko tak gajul matamu
prek su..!! coba rungokno opo sing tak kadakno
nak ora seneng kono kowe ndo minggato
aku ra ngurus kowe arep ngomong opo
rasah ndo kemlinthi aku ra wedhi
nak perlu kowe engko tak antemi
njarene wis ra sudi kok isih  ndo ngrasani
konco konco sing arep ndo mulai ,gagi
arep mbok arani aku wagu yo karepmu kui hak mu
masamu nyothe apik ndewe ngono po su...!!
projopati ra tau wedhi ngadepi sesumbarmu
sing sajak nggegirisi
opo ndo ra ngerti yen ning kene ono mc
sing ratau mati nggulo mentah hiphop tekan saiki
iki gatra sing ongko siji
seko aku rasah ndo meri
melu rotra kabeh ra bakal rugi
aku ra ngapusi ayo dadi siji ngadepi musuh musuh sing koyo kemaki
mugi gusti ngapurani kawulo alit sing kebhak ndosa iki
yo ki ageng Gantas gek ndang dibrantas wis soyo panas
sumonggo kerso diphun babat tuntas

kulonuwun kulo badhe nglantun angking tembang seking lebething manah
sampun kakean polah monggo sami jumangkah sami nyelak mboten pareng ribut
mangke ndak ndawah,,,sumonggo sami mireng nanging kedhah ing antheng
Lho kok antheng,,mpun monggo sami njumeneng sumonggo sareng sareng kalian kulo lan sedhoyo
ingkang sami sawek pesto wonten ndinten meniko mboten pareng cerek suloyo supadhos kawonthenan cacah tenterem adhem
ayem mati marem mesam mesem lan sumringah
mugi bingah
menawi mboten pithados kulo aturi minggat
sedhoyo ingkang ten mriki saget bertindak nekad
Mpun Mas mboten iso aten atenan bablas,,,
bablas menopo milih babak bundas
kok njenengan kendhel tenan menopo pun nduwe cekelan
kok wantun eyel eyelan menopo mpun ampuh tenan
Lho Lik o wadya bala kulo sampun sumadyo
macak aji gaman sami dipun hunus teng arso
menawi mekaten monggo sing ajeng ngendhiko
kulo ki ageng gantas mpun cekap atur wicoro
Rotra,,rojo pati,,Ki ageng bantas,,,Berantas Tuntas



JOGJA ISTIMEWA

Ditulis & Aransemen oleh: Kill The DJ & Balance
Rapper Crew: Ki Jarot (Kill the DJ – Jahanam – Rotra )
Produksi: Jogja Hip Hop Foundation


Holopis Kuntul Baris..

HOOK:
Jogja! Jogja! Tetap Istimewa
Istimewa Negrinya, Istimewa Orangnya
Jogja! Jogja! Tetap Istimewa
Jogja Istimewa untuk Indonesia

JAHANAM:
Rungokna iki gatra saka ngayogyakarta
Nagari paling penak rasane koyo swarga
Ora peduli donya dadi neraka
Neng kene tansah edi peni lan merdika
Tanah lahirkan Tahta, Tahta untuk Rakyat
Dimana Rajanya Bercermin di kalbu Rakyat
Demikianlah singgasana bermartabat
Berdiri kokoh tuk mengayomi rakyat
Memayu hayuning bawana
Saka jaman perjuangan nganthi merdika
Jogja istimewa bukan hanya daerahnya
Tapi juga karena orang-orangnya

KILL THE DJ:
Tambur wis ditabuh suling wis muni
Holopis kuntul baris ayo dadi siji
Bareng para prajurit lan senopati
Mukti utawa mati manunggal kawula Gusti
Menyerang tanpa pasukan
Menang tanpa merendahkan
Kesaktian tanpa ajian
Kekayaan tanpa kemewahan
Tenang bagai ombak gemuruh laksana Merapi
Tradisi hidup di tengah modernisasi
Rakyate jajah deso milang kori
Nyebarake seni lan budi pekerti

ROTRA:
Elingo sabdane Sri Sultan Hamengkubuwono kaping sanga
Sak duwur-duwure sinau kudune dewe tetep wong Jawa
Diumpamakne kacang kang ora ninggal lanjaran
Marang bumi sing nglahirake dewe tansah kelingan
Ing ngarso sung tuladha
Ing madya mangun karsa
Tut wuri handayani
Holopis kuntul baris ayo dadi siji
Sepi ing pamrih rame ing nggawe
Sejarah wus mbuktekake
Jogja istimewa bukan hanya untuk dirinya
Jogja istimewa untuk Indonesia

Holopis Kuntul Baris..

Selesai..

Jogja Istimewa !! hidup Jogja !!


JAHANAM - Gangsta Gapi

@
Dadi bocah ojo mung,,
mabok wae ra mikir,,
piye bapak ibune,,, le podo nyambut gawe,.,

Seprene kudu wes wayahe bayar SPP,.
Murid liane wes podo bayar gari dewek'e.,.
Bali neng ngumah matur bapak ibune,.
Njaluk duwet go bayar SPP ceritane.,.

Di rewangi mbesengut, raine ro mrengut.,.
Njaluk duwet atine kro ndersulo.,.
Podo nek ra mbayar mengko yo di DO .,.
Mbasan wes entok duwet e lah malah koyo ngono.,.,

La piye to,, dasare bocahe ra toto,,.
Duwet  SPP Malah nge Mabok karo konco konco,.
Ra miker wong tuo le ngolek nganti ngoyo.,.,
Nganti ngelus dodo utang tonggo tonggo,.,.

Back to : @

Mabok wae kue wes pancen gaweane.,.,
Ragate urunan  ngompasi njaluki konco kancane.,.,
Nek perlu duwet SPP dinggo putu show,..
Ra mikir wong tuo le ngolek,..,.
Mane mane mane,.,.
Penggung, bocahe rodo suwong,..
Ora mutus we,,dijak omong ra tau nyambung,.
Wes nek sekolah mbolosan,,ora tau sinau
0no pelajaran malah di tinggal turu,.,.
Ora gagas, ra mikir ono bu guru,.
Gurune nesu nesu banjur dikon metu,.
Mbatine bocahe malahan "asik tenan ora milu pelajaran",.,
Mending mbolos wae malah kepenak,.
Sekolah ora di ati ati mergane ora genah,.,.
Walah le koe arep dadi opo,,,
Nek arep tumindak ngiwo , malah mesak ke wong tuo,.,.

Back to : @

Waw,.,.waw,.,.waw,., ( Kie piyo kie piyee,,)
Neraka jahanam ( kompol bareng neng kene )
Milu prihatin ( nyawang kahanane )
Bocah sak iki ( mencen ora omom nakale )

Mesake wong tuo njambut gawe rekoso,.
Tumindak culiko mbok yo di pikir dowo,.
Rasah neko neko urip sing prasojo,.,.
Nek ora ngugu ,,awas mengko ciloko

Saling gejobo ,,sopo sing wes ngragati
Ngrumat rupamu.,.,.wiwit seko bayi
Neng di nengke,,.koe ra mbejaji
Mulane kabeh ,.,. rasah do ngormati.,.,

Back to : @

Cintamu Sepahit Topi Miring

Senja di desa Baron
matahari tenggelam dalam kemaron
Lembu betina lari melompat-lompat
dikejar-kejar anaknya yang kecil meloncat
Senja lucu dengan kasih sayang ibu dan anak
langit senja mengandung sapi beranak
terpesona Ranto melihat, ia tertawa bergelak
dan berubah jadi Ranto Gudel, sang pelawak

Jadi Marmoyo di panggung ketoprak
Ranto Gudel meminum arak
Terendam dalam ciu
birahinya berubah jadi biru
Diajaknya Nyai Dasima bercinta
dengan cinta sepahit Topi Miring
Layar dibuka, turun hujan gembukan
Dewi Mlenukgembuk datang
membawa seguling roti cakwe
Marmoyo rebah terguling
tidur di pangkuan Nyai Dasima
yang sekeras ciu cangkol buah dadanya

Ke mana Ranto Gudel pergi
panggung selalu harum dengan arak wangi
Di Sriwedari jadi petruk
Garengnya diajak mabuk
Bagongnya menggeloyor
Semarnya berjualan ciu cangkol
Dengan terang lampu semprong
Pak Mloyo memukul kenong
nong ji, nong ro
giginya ompong menggerong:
Ranto Gudel Mendehem
Nyungsep di Bengawan Solo
di sana ia lalu menyanti:
Itu perahu, riwayatmu dulu
kini sungaimu mengalirkan arak wangi
dengan harumnya aku mandi

Thuyul gundhul ke sana sini mengempit gendul
gendruwo thela-thelo, tampak loyo
jrangkong jalannya miring-miring dhoyong
dhemit setan wedhon
anak-anak Bathari Durga dari bukit Krendhawahana
semuanya mabuk menari-nari:
Sengkuni leda-lede
mimpin baris ngarep dhewe
eh barisane menggok
Sengkuni kok malah ndheprok

Belum selesai menabuh kenong
Nong ji, nong ro
Pak Mloyo pulang geloyoran
Abu-abu wajahnya terendam ciu
Dari jauh Ranto Gudel melihatnya
duduk berjongkok di Bengawan Solo:
Air mengalir sampai jauh
membawa botol-botol cangkol
yang mengapung-apung seperti lampion
nyalanya bundar, seperti kenong
Pak Mloyo terguling ke Bengawan Solo
dengan irama nong ji nong ro
Ranto Gudel tertawa:
Itu perahu botol cangkol
mengalir sampai jauh
akhirnya ke laut berombak ciu

Malam berpayung hitam
hitam dibuka dengan bulan
Ranto Gudel minum arak bekonang
mengantar gadis pulang, berdandan bidan
roknya putih, bajunya putih
serba putih lebih daripada peri
Tiba di pinggir kali
Ranto Gudel diajak belok ke kiri
Rumahnya temaram
kursinya sedingin batu bulan
Birahinya menyentuh dingin
tergeletak ia di atas kijing
Dhemit elek asu tenan
mengumpat Ranto Gudel geram
Ia marah terendam arak bekonang:
Asu, hampir saja aku bercinta dengan setan

Cinta manusia seperti Umbul Penggung
dulu bening sekarang keruh
dulu kerajaan sekarang desa
Ranto Gudel dengan empat istrinya
tak pernah abadi cintanya

Memang enak jadi wedhus daripada manusia
bila mati, manusia dikubur di gundukan tanah
kepalanya dikencingi wedhus yang merumput
Nasib manusia hanyalah sengsara sampai akhirnya
mengapa kita mesti bersusah?
Hiduplah seperti Joko Lelur
siangnya melamun minum limun
malamnya bangun minum berminum
lapen ciu cangkol arak bekonang

Sekarang di sudut-sudut rumah
botol-botol cangkol dipasangnya
untuk menolak dan menakut-nakuti tikus
Di hari tuanya Mbah Ranto mengenang
bayangkan, ciu cangkol hanyalah spiritus
yang bisa mengusir tikus
padahal dulu aku minum sampai lampus:
Aku memang benar-benar wedhus


CICAK NGUNTAL BOYO
BY KILL THE DJ

ANA CICAK NGUNTAL BOYO
BOYO COKLAT NYEKEL GODO
OJO SENENG NGUNTAL NEGORO
MUNDAK RAKYATMU DADI SENGSORO

INI CERITA NEGERI BEDEBAH
PEMIMPINYA HIDUP MEWAH
TAPI RAKYATNYA MAKAN SUSAH
HASIL DARI MENGAIS SAMPAH

DI NEGERI PARA BEDEBAH
YANG BAIK DAN BERSIH BISA SALAH
KEBOHONGAN ITU LUMRAH
RAKYAT KECIL HANYA BISA PASRAH

BUBRAH! PARAH!
BUBRAH! PARAH! BUBRAH!

ANA CICAK NGUNTAL BOYO
BOYO COKLAT NYEKEL GODO
OJO SENENG NGUNTAL NEGORO
MUNDAK RAKYATMU DADI SENGSORO

RAKYAT MENCARI PIMPINAN
KETEMUNYA JURAGAN
RAKYAT MENCARI IMAM, YA IMAM
KETEMUNYA TUAN

MAKA JANGAN-LAH JANGAN HERAN
JIKA ADA MAFIA DI PERADILAN
JUAL BELI PASAL DAN HUKUMAN
YANG KUAT BAYAR PASTI MENANG

KATANYA JAMAN SUDAH REFORMASI
TAPI HUKUM MASIH BISA DIBELI
JADI BARANG DAGANGAN, OBYEK KORUPSI
NGGAK PUNYA MALU DAN HARGA DIRI

KALIAN KIRA SELAMANYA RAKYAT KITA BODOH
JIKA RAKYAT MARAH TIRANI PASTI AKAN ROBOH!

ANA CICAK NGUNTAL BOYO
BOYO COKLAT NYEKEL GODO
OJO SENENG NGUNTAL NEGORO
MUNDAK RAKYATMU DADI SENGSORO

BIBIT ITU TUNAS
CANDRA ITU SINAR
YANG MENJADI SIMBOL
TEGAKNYA KEADILAN

LANGKAH KECIL TELAH DIMULAI
DARI BAYI BERNAMA DEMOKRASI
KEADILAN TAK BISA DITAWAR LAGI
KEPASTIAN HUKUM ADALAH HARGA MATI

MUNGKIN KITA CAPEK REVOLUSI
MUNGKIN KITA BOSAN DEMONSTRASI
TAPI JANGAN PERNAH BERHENTI
PALING TIDAK TUNJUKAN RASA PEDULI
UNTUK INDONESIA YANG KITA CINTAI

ANA CICAK NGUNTAL BOYO
BOYO COKLAT NYEKEL GODO
OJO SENENG NGUNTAL NEGORO
MUNDAK RAKYATMU DADI SENGSORO



ORA CUCUL ORA NGEBUL -ROTRA.mp3
Petruk bingung ngekep bojone
Pikiran nglamun mikir gendakane
Pancen kadung rusak negarane
Mula aja gumun nek rakyate kere

Nek wong sugih le gendakan ning hotel sing larang
Bermain cinta lupa daratan ra konangan
Nek wong kere le gendakan ning hotel murahan
Durung nganti anget kena razia kisinan

Nek wong gede konangan selingkuh malah kondang
Nek wong cilik sing konangan diarak telanjang
Apa kaya ngene jeneng negara berjuang
Segala sesuatu ditentukan dengan uang

Pada-pada gendakan hukume dewe-dewe
Pancen hukum kui gendakane wong-wong gede
Wong cilik kerja sengsara ninga tetep kere
Wong gede kemaki urip sak karepe dewe

Lirak-lirik karepe ngejak turu kelonan
Koalisi politike mung perselingkuhan
Beras larang minyak mundak ra karu-karuan
Politike nglambrah mung ribut ngurus gendakan

Mula aja munafik kaya wong-wong politik
Dadia wong seni kritis peduli ro wong cilik
Wong politik munafik ra gelem nampa kritik
Geleme nampa duit cacahe ra sethithik

**
Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

Ana kancaku pelukis kluyuran bengi-bengi
Pamite lunga jare arep golek inspirasi
Neng ndalan ketemu karo temon bodine seksi
Kenalan terus gelem digambar ra nganggo klambi

Bar digambar temone seneng ora karuan
Saking senenge nganti gelem dijak turu kelonan
Cepet-cepet gage do golek hotel murahan
Lagi krusak-krusek la kok yo ana gropyokan

Sing nggropyok polisi numpak pick-up bakul kursi
Tanpa basa-basi kabeh kamar disatroni
Banjur diklumpukke dikon antri siji-siji
Kabeh digeledah nek ana sing nyolong wadi

Polisi muni anda telah berbuat ruyal
Itu artinya anda sudah melanggar moral
Pelukise takon apa moral iku mural
Nek cen kui aku ngerti ayo gek ndang budhal

Moral itu adalah tata susila
Siapa yang melanggar akan kena razia
Pelukise takon apa toh tata susila
Apa pada karo wanita tuna susila

Polisine muni kepiye nek damai wae
Damai kui artine wani piro mbayare
Pelukise nyaut durung perang kok wis damai
Wong durung telanjang kok wis digawe rame

**
Akale wong lanang nek dolan ning Pasar Kembang
Gawe alasan golek aman ben ra konangan
Politik saiki cen seneng maen belakang
Njabane resik jebul jerone selingkuhan

Lumpur Lapindo metune soko Sidoarjo
Bojo loro kabeh kok seneng nggodha
Wis merdeka sih ono kumpeni Londo
Nembaki rakyat, rakyat neng alas Tlogo

Nganggo tangk-top mlaku ning Pasar Bantul
Sangu kates, katese mental-mentul
Rakyat ditembak, ditembak betul-betul
Tapi jare kena peluru mantul

Buah Langsep tuku regane larang
Motore nyungsep, nyungsep ning njero potang
Negara lemes merga kakean utang
Bandane ludes, le nilep pada ilang

Manuk Podang mabur mlebu kurungan
Gage dikancing nganggo gembok kuningan
Ra entek-entek lehku seneng gendakan
Nganti modar nganti tekan kuburan

Kadung remen ceweke Cak Paimo
Cekap semanten niki atur kawula
Ana kupat kecemplung ning njero santen
Menawi lepat kawula nyuwun ngapunten

**
 

PLAY HIP HOP JOGJA

JAHANAMQuantcast

JAHANAM


KONTRA


KONTRA


JAVASOULD


Template by:

Free Blog Templates